Selasa, 21 Februari 2012

Sketsa Pagar Balai Desa

Pemerintah Desa Ringin lan jajarane tansah gumrigah lan terus usaha ngelaksanakke pembangunan desa setitik baka sithik. Tahun 2012 iki akaeh banget tilase kejaba saka asli  ABPDES, ADD, ABPD I,  uga entuk bantuan aspirasi saka anggota dewan.

Wus akeh tilase kayata; pelebaran kali, pembangunan talud, saluran irigasi, ana uga  sing asale dana PNPM, tahun 2012 iki entuk sarana lan prasarana air bersih, sing dibangun ning Dukuh Jetis, lan Angkatan.
 ADD tahap I digunakke kanggo mbangun dalan ing Dukuh Brang Wetan Angkatan.
Rencana ADD tahap II kanggo mbangun pager Balai Desa karo ditambah dana saka Lelangan(ABPDES).
Pembangunane wus diwiwiti. Kanti tenaga kerjane saka warga Ringin. Karo ngenteni gambar sing gumathok, pembangunan dimulai saka sisih kiwo. Ngelingi lahane bekas sawah dasar pondasi direncanakke nganggo crucup saka bongkotan pring.  Kanthi tujuan ben kuat kanggo sakteruse.

Sithik baka sithik kaya bebasan ngrunduk rayap, kaanti sabar, alon-alon lan telaten. Sak abot-abote penggawean yen ditrelateni mesti kasil kanti asil sing apik.


Mula kanggo warga Ringin Panitia tansah nyuwun pandongane marang Gusti Allah, supaya bisa lancar, lan ngasilke asil sing apik, kanggo sekabihan warga Ringin.
Gambar : Pager yen dideleng sakaa ngarepan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar